Take a fresh look at your lifestyle.

Unggah-unggahan

Daning : Yono Daryono

DIRONGOKNA kayong laka-laka tapike lucu, unggah-unggahan, adate wong Tegal mapag pan tekane wulan puasa. Unggah-unggahan kemutan lagi sokolah SD gemiyen ben pungkasan taun genau bocah sekolah unggah-unggahan, munggah kelas. Unggah-ungahan atawa munggah, yakuwe adate wong bagi-bagi brekat atawa panganan nang pungkasan wulan Sapar maring sedulur-dulure sing luwih tua atawa tangga-tanggane. Dadi adong duwe sedulur tua akeh ya olih akeh brekate bisa bae kuwe dimaknani sesepuh desa.

Laka patokan sing genah pan pira gawe brekat unggah-unggahan ndeleng ngangkire pira. Kayong pan kabeh warga Tegal duwe tradisi kiye, mung bae nang kota kayong wis laka. Adat kuna kiye ngajarna awake dewek eben urip bebrayan seduluran dadi emut sedulur karo emut tanggane. Seliyane unggah-ungghan nang wulan Sapar uga nglakoni zairah maring kuburane wong tua atawa keluargne resik-resik kuburan karo ndongakna wong tua atawa sedulure sing wis jenat sing kocapape jare nyadran. Akehe tah dong pan tekane wulan puasa pada bersih-bersih umah, masjid, pengajian atawa khaul.

Sedina segurunge puasa bar sholat maghrib nang masjid Man Damin dicegat Kang Edy sing dadi penguruse masjid Sabillul Muhtadiin. “ Kang, aja balik tuli ya, kiye bar ndonga mahriban melu slametan Saparan nang masjid kiye, “ kandane Kang Edy. “ Lha ora balik ndisit, “ jare Man Damin. “ Ora usah, delat tok ka, “ kandane Kang Edy. “ Maksude Saparan kuwe apa Kang, “ Man Damin takon.
“ Unggah-unggahan, “ jare Kang Edy.

BACA JUGA

Klambi Khas Tegal

Iwak Kutuk

Man Damin melu slametan nurut bae apa sing dikarepna Kang Edy. Ustade olih ndonga ora suwe, Man Damin dingein brekat, brekate digawa balik. Nang umah Man Damin karo ucul-ucul kanda maring Bi Sijah, bojone. “ Brekat apa Kang, “ Bi Sijah takon. “ Unggah-unggahan Jah, “ jare Man Damin. Bi Sijah mbuka brekate, pengin meruh lawuhe. Dideleng seliyane ana endok asin, tahu, ayam goreng karo bihun, ana gedang karo apem. “ Bisane ana apeme ya Kang, “ Bi Sijah takon. “ Brekat unggah-unggahan ya ana apem oh Jah, “ jare Man Damin.
“ Ader…? “ Jare Wa Ratno RT ne nyong gemiyen sing asline wong Boyolali apem sing ujude memper kamir atawa srabi selugune aran kuwe sing basa Arab, afuan/afuwwun sing artine njaluk pangapura. Dadi apem nang filosofine wong Jawa kuwe simbole njaluk pangapura kabeh kesalahane

Wis dadi adatne dong pan tekane wulan puasa wong Jawa pada gawe apem. Jare Kang Turah Untung kuwe adat megengan sing maknane nahan, lugune nahan ambekan tapiken bisa dimaknani nahan sekabehe yakuwe puasa.
Nah, nang Tegal jajan apen kuwe didokon nang brekat toli digawa nang masjid. Sawise didongani dibagi maring tangga-tangga sing perek masjid, tanggane sing pada sholat nang masjid ya pada melu slametan kabeh, brekate dibagi nang masjid. Adate wong sing perek masjid Sabilul Muhtadiin pada urunan brekat se umah paling ora telung ceting pan sepuluh ceting ya ora papa. Dadi apem mau ujud anane tali silaturahmi.

Ana legenda sing nyritakna jajan apem kiye wiwitane lagi jamane Sunan Kalijaga, salah sijine wali sanga. Arane Ki Ageng Gribik atawa Sunan Geseng, muride Sunan Kalijaga, sing wektu semana bar balik kaji deweke weruh warga Desa Jatinom Klaten, pada kurang pangan. Kanjeng Sunan Geseng gawe jajan apem toli dibagekna maring warga sing kurang pangan mau karo ngucapna lafal dzikir Qowiyyu (Allah mohon ben kuat). Warga dadi wareg, kiye jarene sing ndadekna warga nang kono terus nguripna adat Ya Qowiyyu saben wulan Safar.
Dadi kuwe apem ora kur enak dipangan tapiken ana makna filosofine, “ kandane Man Damin.

“ Kaya kuwe Kang, brekate kena nggo saur ya Kang, dadi nyong ora usah ngliwet nggo saur. Toli ora usah urug, “ kandane Bi Sijah. “ Apa karepe lha, “ semaure Man Damin. “ Ning ora salah adine rika, Tinah dong pan puasa ngirim brekat ya Kang, dengaren taun kiye magel laka abane, “ jare Bi Sijah.
“ Ya mbokan lagi ora kober mene Jah, meningan wis tua asem urate sering kumat, dengkule pating cengkring, “ kandane Man Damin. “ Apa enake diparani bae ya Kang karo rika sisan maring kuburan wong tua donga, “ kandane Bi Sijah.

“ Soal ndongakna wong tua tah ben dina bar sholat oh Jah, “ semaure Man Damin. “ Ya ora arane ngiras-ngirus nyambung silaturahmi oh, wong ka adil temen, “ kandane Bi Sijah. Man Damin ora wani semaur adong “radione” mulai moni sukakha ngalah meneng, timbang tukaran. Tirigan ka, lamon dina Kemis atawa Jemuah adong ngomong kudu ati-ati. Soale wetone pada Jemuahe.

KATA-KATA KHAS TEGAL

ceting = tempat nasi dari anyaman bambu
brekat = nasi dan lauk pauk kenduri
magel = terhenti
ngangkir = sanggup
tirigan = berbakat tidak sopan
tukaran = bertengkar
ucul-ucul = melepas pakaian
urug = nambah nasi dan lauk pauk

BERITA LAINNYA