Take a fresh look at your lifestyle.

Kemutan Badanan Nang Desa

Daning : Maufur

ARAN asli lan komplite Muzayin bin Mahbub, kanca-kanca angger ngundang mung Jayin tok. Lah angger ngundange kang Jayin, merga egin sedulur tua. Mauneng umahe nang ngarepe pegadaian Ketanggungan Brebes. Tapineng wis puluhan taun pindah maring Jakarta, nganti deweke saiki wis pangsiun saka jabatan ANS sing paling duwur, Yakuwe dadi Sekretaris Jendral salah sijine lembaga negara. Embuh kenang apa maune, lan apa sebabe, ujug-ujug deweke ngirimi kabar liwat WA maring enyong, ngandakena yen kangen karo kampung halamane.

Pancen sih, Ibadah puasa wis rong minggu dilakoni, berarti rong minggu maning pan bada. Saben pan bada akeh wong sing wis pada kemutan badanan nang kampung halamane, merga egin nduwe pirang-pirang sadulur. Kejaba kuwe, uga dadi kemutan wektu egin cilik utawa masih bocah. Ndean bae merga kaya kuwe, kang Jayin ngrajug, trus nulis nang WA, lan dikirim maring enyong.
Tulisane dinein judul: “Kenangan bada nang kampung.” Trus isine kaya kiye: “Ketanggungan aran kampunge enyong. Nang dina kaya kiye, gemiyen enyong nembe pragat solat traweh nang masjid, balik bareng kamben kanca-kanca karo guyonan. Nang dalan saka menjid maring umah, dalane egin peteng-peteng radan padang, merga pancen gurung ana listrik saka PLN. Anane damar kurung, damar ceplik templek, lan paling padange damar patromak.

Nang sore kaya kiye, sadurung mahrib, enyong lan kanca-kanca ngenteni adan nang stasiun sepur. Bar kuwe trus nang ngisore panggung sing ana kentongane. Enyong ngenteni kentongan ditabuh, tanda yen wis wayahe mahrib. Angger kyai Muhidin wis munggah maring panggung, enyong gagiyan balik, merga sedelat maning kentongan bakal moni, lan enyong wis olih mangan lan nginung. Nang kene kyeh, rasa seneng ora kira-kira. Ngelih lan ngorong bakal ilang.

BACA JUGA

Klambi Khas Tegal

Iwak Kutuk

Anjog nang bada kurang rong dina, enyong dak dik dek nyiapna rupa-rupa kanggo bada. Nang Ketanggungan ana rame-rame sing arane prepegan. Wong kampung tumplek blek nang pasar pada blanja apa bae sing diperlukena nggo badanan. Kebiasaan dodol lan tuku wong-wong kampung kayong ikhlas. Ana bakul sing wis lawas, lan ana uga bakul dadakan, nampani rejeki saka tabungane wong-wong kampung, nang sanjerone prepegan cilik lan prepegan gede. Owh kayong ndeleng kahanan sing indah nemen nang kampung.

Prepegan pragat, kari ngenteni adan mahrib dina puasa paling keri. Klambi, katok, lan sarung anyar sing olih tuku nang Cirebon utawa Tegal, sing mangkate numpak dokar utawa numpak sepur truktuk, tak dalah nang ngisor bantal, tak glelengi kuatir mbokan dicolong wong. Seumpane ana maling, ya muga-muga aja njukut klambi anyar sing esuke pan dienggo badanan. Ih senenge atine enyong.
Sauwise bengi takbiran teka, enyong lunga maring mesjid, kumpul karo kanca-kanca nabuh bedug, trus takbiran. Allahu akbar…Allahu akbar… Allahu akbar… Wallilahiilhamdu. Bar kuwe takbiran keliling kampung dipimpin man Khudori sing suarane merdu melengking, indah, syahdu. Enyong lan kanca batir blusak blusuk dalan saka masjid anjog maring pasar.

Wong-wong lan bocah-bocah guyub bareng nekani lawang-lawang umah nggo njukuti zakat fitrah lan sodakoh saka para muzakki, sing ngarep-ngarep berkah tekane idul fitri. Rasane wektu samono atine enyong bisa nggrentes, kemutan sadulur-sedulur sing wis mati ndisiti, ngenteni dedonga saka sing egin urip. Kejaba kuwe, nang umahe wong-wong sing sugih, akeh-wong pada ngantri njaluk zakat. Tapi yen saiki wis laka maning. Kampung wis owah dadi desa setengah kota, utawa desa metropolis. Wong-wong wis akeh ora ngrewes urip bebrayan bareng-bareng, silaturohim, lan takbir keliling.

Esuke bada, pada sembayang idul fitri nang masjid. Karo ngenteni solat, takbiran terus gemlandang. Uga karo ngenteni, bakale sing dadi khotib karo imam kyai sapa. Nang mesjid jami Ketanggungan ana Kyai Mahbub, Kyai Muhidin, lan Kyai Munawir. Angger Kyai Muhidin sing dadi khotib, kanca-kanca pada ngomong, ah film india. Angger Kyai Mahbub, ngomonge film Indonesia. Yen India dawa alias suwe, yen Indonesia sadelat alias gelis pragat. Tapineng enyong lan kanca-kanca sembayange tetep anteng, khusu, lan temenanan.

Sauwise solat id, enyong balik disit nang umah. Sungkem karo wong tua lan tetangga. Trus sing penting mangan lontong opor ayam. Bar kuwe, enyong lan kanca-kanca pada njajan endog godogan, bluder, lan marbok. Trus ana sing plesir maring Waduk Malahayu, Waduk Cacaban, Waduk Darmaloka, lan Cibulan nang Kuningan. Sing maring PAI kayonge arang-arang. Numpake trek ndekene babah Cuk Kyat. Akehe pada seneng ngadeg nang pinggiran, ben bisa dadah…dadah. Guci durung ana, sebab maring Guci egin kudu mlaku manjat dalan seatapak saka Desa Tuwel. Temenan egin kemutan nemen, kebayang nang mata sisi kiwe lan tengen.

Anjog saiki uga enyong egin kemutan. Gemiyen yen tuku bahan nggo gawe kelambi merek koplin, bar kuwe berkolin, sauwise tetoron, nggolet sing radan apik maning tuku kasmilon, trus benglon. Trus mbuh apa maning. Angger bocah lanang, njaitnane nang man Mahya. Lah angger bocah wadon, nang Ka Salha, tetangga lan egin sedulur perek. Lebaran nang kampung halaman kayong nikmat, kumpul sedulur, tetangga, lan kanca-kanca.”

 

 

BERITA LAINNYA