Take a fresh look at your lifestyle.

Mantu Poci

200

Daning : Yono Daryono

<B>ORA<P> tau-taune bar sarapan esuk wong loro Man Damin karo Bi Sijah njagong bareng nang rusbang. Karo nuangi teh poci Bi Sijah takon : “ Dadi sidene sampeyan engko pan nonton drama kang?” Man Damin ora gagiyan semaur ngenteni Bi Sijah nuangi teh poci nang cangkir. Poci lemah sing tuku nang Talang awit limang taun kepungkur kelire wis ora soklat maning tapiken wis madan ireng merga wis biasa nggo nuangi teh.

Rasane sejen karo poci lemah sing megin anyar. Adong megin anyar ana mambu lemahe dadi rasane wedang kurang enak, wangi melatine ora semripit istilahe ora wasgitel ( wangi, panas, sepet, legi lan kentel). Pocine Man Damin wis ngleka wedange ora mung wasgitel tapiken mbeketaket. “ Iya Jah, primen kowen pan melu apa priben, “ semaure Man Damin. “ Ora lah sukaha ndeleng sinetron nang tipi. Eh genahe drama apa sing Kang ?” Bi Sijah takon maning. Man Damin nyruput wedang karo matane merem melek kinyer-kinyer ngrasakna eneke teh poci gaweane bojone.

Man Damin ora gelem dituangi nganggo banyu tremos kudu banyu ketel sing digodog nganti umeb. Dong anuk bojone nganti eram bisa ngarti banyu tremos apa banyu umeb ketel, padahal panase pada bae.“ Mantu Poci Jah, “ semure Man Damin. “ Mantu Poci pijara, ana-ana bae, “ jare Bi Sijah. “ Ish kiye temenan Jah, wong Tegal geminyen ana sing nganakna tradisi Mantu Poci.

Adong saiki tah kayane wis laka, merga kayong ora enak karo tanggane. Kang Seful Mu’min sing ngarang critane sing maen Teater RSPD pemaine pentol-pentol. Mugane lagi lomba nang Jakarta tanggal 22 Juni 2019 menang dadi juara siji, toli sutradara paling apik, karo pemain paling apik yakuwe Mameth Suwargo, dadi Mantu Poci olih telung juara.

Crita sing tulis Seful Mu’min kuwe sejen karo sing tau ditulis ganing batir-batir liyane. Ana keluarga wis luwih sing rong puluh taun, kayong nggal dina tukaran. Biasane masalahe ora duwe anak. Sing wadon arane Yu Iroh tau ngandani kon mupu anakke sedulure tapiken sing lanang sing arane Kang Sardi ora gelem. Lagi dugal-dugale ketemon tamu wong telu critane ana sing bar kondangan ana sing ngandani mbojo maning bae nganti Kang Sardi dugal tamune kon lunga. Bar tamune lunga Kang Sardi ngudal rasa karo bojone.

Wong genah nyong karo Iroh ora duwe anak ka critane mantu, duwe gawe, hajatan, gawe wetenge enek. Awake dewek wis ora enom maning ya Roh, jelase wis ora mungkin duwe anak. Ora bakal ngranapi apa kuwe duwe gawe. Paribasane mung gari nunggu kleseke tok, toli critane awake dewek nggo crita selawase nang kampung kiye.

Iroh semaur, wis ora papa Kang diihklasna bae. Ora usah dipikiri wong wis dadi takdire eben awake dewek anyem. Esukke Pak Lurah karo batire Sardi sing mau ngandani teka maring umahe Kang Sardi. Pak Lurah seliyane silaturahmi uga njaluk pangapurane maring Kang Sardi mbokan batire kiye gawe dugale Kang Sardi.

Pak Lurah kanda adong nang desa kiye sing ndean bae Kang Sardi klalen ana tradisi sing arane Mantu Poci. Nah sampeyan luwih apik nganakna tradisi kuwe. Kang Sardi kaget krungu omongane Pak Lurah apa maning Pak Lurah ngomong eben sokongan sing rika tau disumbangna nang batir-batir bisa balik maning. Kang Sardi ora trima ganing omongane Pak Lurah, adong apa sing wis disumbangna diihklasna nyong ora njaluk balikan, jare Kang Sardi. Pak Lurah ngandani maning kaya kiye Kang rika ora usa repot-repot engko kanca batir sing ngragadi. Ngrewangi toli engko nyong ngumumna maring warga desa kon pada teka. Kang Sardi pan nganakna Mantu Poci, Poci lanang wadon dipaesi diarak toli dijagongna kaya manten umumme.

Yu Iroh bojone Kang Sardi ora trima, Pak Lurah kayane pan gawe wirang. Yu Iroh dugal Pak Lurah digranyami. Weruh Yu Iroh dugal Kang Sardi melu-melu dugal maring Pak Lurah. Pak Lurah njelasna, kiye mengko tanggane rika pada nyumbang, beras karungan, gula sekarung trigu, endog ana uga sing nyumbang duwit. Kang Sardi ora semaur, Yu Iroh kemecer. Maring Kang Sardi, Yu Iroh minyul ben bae Pak Lurah karo tangga-tanggane ngragati Mantu Poci.

Gelise crita acara Mantu Poci sida dianaknya, umahe Kang Sardi rame akeh tamu sing teka pada jogetan, tembang-tembangan kayong rahat. Kang Sardi karo Yu Iroh dandan kaya wong duwe gawe umume. Poci loro dipaesi lanang wadon dijagongan nang krosi penganten.” Man Damin mandeg olih crita, Bi Sijah katon liyer-liyer. “ Ish Jah daning kowen ngantuk. “ kandane Man Damin.
“ Ora ka Kang, kayong lucu ya Kang poci ka dipaesi, “ semaure Bi Sijah. “ Toli kapan kuwe dramane Kang, “ Bi Sijah takon maning.

Dina Jumat ngesuk tanggal 30 Agustus 2019 nang Taman Budaya Tegal Roh. Maen ping dong sore jam 16.00 nggo bocah sekolah. Bengine jam 19.30 nggo mahasiswa karo umum. “ Ya wis mana oh sampeyan sing nonton, nyong tah jaga umah bae Kang, “ Bi Sijah ngloyor maring kondong Man Damin nyruput teh poci. (Wawan Hoed/Red1)

KATA-KATA KHAS TEGAL

mleketaket = rasa enak sekali
mupu = mengabdopsi anak
ngranapi = pernah mengalami
ngleka = berkerak
paes = berhias
pijara = masa iya
umeb = mendidih
wirang = malu yang terlalu

BERITA LAINNYA